1. DESKRIPSI SASTRA (NGULANDARA)
a. Deskripsi Paraga (kaca 3)
Memperipun priyantun ingkang estri ingkang wonten sisih kiwa punika bojonipun, ingkang wonten sisih tengen anakipun.
Ing salebetipun priyantun wau utek madosi ingkang njalari mogoking otonipun, ingkang estri ketingal suntrut. Tanganipun tengen sidakep, badan kasendekaken ing cagaking tenda, sirahipun kabantalan tangan kiwa. Kados boten mokal yen ta kawastanana saweg sisah manahipun.
Raden Ayu Wadana wicanten malih: “Dina rasane atiku kaya wong mati urip maneh, kowe kok banjur lali karo aku, Tanta. Seprana-seprene tanpa kabar. Gek dosaku apa?” (hlm.117)
2. Deskripsi Waktu (kaca 31)
Dinten minggoe tjandakipoen, langitipoen katingnal soemilak resik. Daloenipun mentas djawah, dados wit-witan sami katingal seger, ronipoen ngremboejoeng idjem rijep-rijep, adamel seketjaning paningal. Margi-margi katingal resik, boten mbletok. Hawanipun saketja, mila prajogi sanget kangge ngenggar-enggar manah.
Tik-tik sekon dados menit, klempaking menit dados jam. Sareng sampun sawatawis jam anggenipun wonten salebeting oto mogok ingkang kinepang pepeteng, grimis lan angina ngindit, dumadakan kacanging tenda ingkang wingking mak byar, ketingal padang. Padangipun terus dateng kanca mhajeng, njrambahi salebeting oto. (Ngulandara, halaman 6).
3. Deskripsi Tempat (kaca 103)
Kaleres dinten Minggu, ing kapung Kwijan sawingking Kabupaten Pekalongan wonten tiyang nem-neman numpak sepedha motor Norton 6 p.k. model enggal kendel ing ngajeng griyanipun mantri guru.
4. Deskripsi Peristiwa (hlm. 32)
Rapingun sumerep Den Bei asistan Wadana sakaliyan tuwin anakipun kesah, manahipun seneng sanget. Lajeng ngungak datheng margi ageng, Den Bei Asistan Wadana sampun boten katingal. Enggal-enggal madosi tiyang estri pun Saliyem. Sareng pinaggih, saweg nyapu wonten emper wingking.
SERAT RIYANTO
1. Deskripsi Tokoh
Katjarijos raden mas Rijanto sampun wantji djedjaka, kala samanten ladjeng remen nggugulang kekendelanipun, inggih punika ladjeng remen lelana tindakan ing wantji dalu boten mawi kanthi ndjadjah ing panggenan ingkang sepi-sepi, terkadang nentjem sarira wonten ing lepen-lepen boten ketang sajah arip asrep sarta katisan; konduripun saben sampun wantji bjar endjing. (kaca 5)
Kacariyos anuju sawijining dinten, raden ayu Notosewoyo lenggahan wonten ing gadri wetan naming kaadep putra keponakan setunggal putrid umur kawan welas taun, nama raden ajeng Marsamm punika putranipun raden mas Tondowijoyo. Ing ngriku raden ayu lajeng anglairaken ingkang kados kembenging panggalihipun, ingkang punika jalaran raden mas Riyanto sampun tigang dinten boten ketingal sowan. (Serat Rijanto, halaman 6)
2. Deskripsi Tempat
Kala semanten Radenmas Riyanto sampun rawuh, lajeng mlebet ing dalem, lampahipun jinjit-jinjit sarwi ingak-inguk kados kucing badhe ndingkik, ing dalem tuwin ing gadri sepi boten wonten sebawaning tiyang, Radenmas Riyanto sanget gumun lajeng mlebet ing kamar kilen pinanggih ingkang rayi radenajeng Marsam taksih sare, ingkang rayi dipungugah, kaojeg-ojeg kanthi ririh. (Serat Rijanto, halaman 35)
3. Deskripsi waktu
Enjing sabibaripun ringgitan Kyai Pramayoga sagarreo putra sami kondur,... (hlm. 40)
Kacariyos anuju ing wanci sonten ing langit sumulak aresik ing wetan mancorong soroting wulan purnama. Kyai dipati sakaliyan, radenajeng Srini tuwin radenajeng Nastri ameng ameng besiar nitih kreta angubengi salebeting kita, katah tetiyang ing sapinggiring margi tuwin ingkang lumampah ingkang sami hebat ningali warnanipun radenajeng Srini, karana radebajeng nedeng birahi. (Serat Rijanto, halaman 45)
4. Deskripsi peristiwa
Mak gebrus, raden mas Riyanto sanget kaget ketumbuk ing satunggaling lare estri kinten umur kawan welas taun nangis sarwi sesambat ngupadosi tiyang sepuhipun katalisut. Lare wau meh badhe dawah lajeng dipuncandargi raden mas Riyanto kacepeng tanganipun ingkang tengen. raden mas Riyanto sanget welas datheng lare estri wau, nunten dipunajak medal saking ing alun-alun, karsanipun badhe dipuneteraken datheng ing pundit griyanipun. Lampahipun lon-alonan mapir ing pinggiripun margi ageng saking ing Geladag mangaler.
(Serat Rijanto, halaman 12)
No comments:
Post a Comment